Senin, Mei 07, 2012

.Goro-goro......


Goro-goro jaman kala bendu,
Wulangane agama ora digugu,
Sing bener dianggep kliru sing salah malah ditiru,
Bocah sekolah ora gelem sinau,
Yen dituturi malah nesu bareng ora lulus ngantemi bapak/ibu guru,
Pancen prawan saiki ayu-ayu,
Ana sing duwur tor kuru,ana sing cendek tor lemu,
Sayang sethitek senengane mung pamer pupu.
Joko saiki emang bagus-bagus,
Ono sing mancung ono sing mbangir.
Tapi sayang kerjone dadi kacung isone mung cengar-cengir.

Goro-goro….
Goro-goro jamane wis bubrah.
Manungsone dikon eling marang sing Kuoso podo wegah.
Pengene mung urip sing mewah ora ono sing podo gelem ngalah.
Jamane wis edan, jare yen ora edan ora kedumanan.
Paitan edan sing penting tenar.
Wong jujur malah ajur, wong culiko malah dadi penguoso.

Goro-goro….
Bumine wis kewalik.
Menungsone disenggol sithik langsung mendelik.
Goro-goro mbelani lemah sethitik, karo sedulur podo plirak-plirik.
Yen diteruske malah uncal-uncalan badik.
Manungsone dikon tobat malah podo lungo klepat.
Dikon neng rumah ibadah saurane “wegah”.
Dikon prehatin malah nggawe isin.
anggere melek malah podo keplek.
Duite’ sak umbuk malah podo dienggo mabuk.
Tontonan malah didhadeke’ tuntunan.
Sing halal digawe samar, sing samar digawe halal, sing haram malah piye carane men iso halal.

Goro-goro…
Okeh bocah wedok koyo lanang, wong lanange malah podo bengesan.
Sing lanang podo nganggo anting-antingan, sing wadon podo tatoan.
Lanang podo lanang ambung-ambungan, sing podo wadone’ malah nikahan.
Akeh anak takon bopo-biyunge.
Akeh biyung podo mbuwang anake.
Pengene penak ora gelem ngrekoso,
Bareng uwis kepenak malah podo ditinggal lungo.

Goro-goro…
Ndonyone soyo parah, menungsane podo ora nggenah.
Rakyate dikon ngalah men pemimpine entuk jatah.
Kursi siji dibelani ngasi mati, ora wedi karo azabpe’ Gusti.
Hukume biso dituku, yen ora gelem hakim karo polisine diatungi palu.
Aparate soyo bejat, rakyate tambah mlarat.
Penguasane dadi konglomerat, wong cilik uripe tambah sekarat.

goro-goro…
Donya iki wis tuo, jebul uakeh manungso tambah ora toto.
Lanang-wadon ora isin podo udo, padahal didelok wong sak ndonyo.
Jarene uwis dadi trend lanang-wedok ora klamben.
Demi pergaulan wong wedok wani ora kotangan.
Wedi dicurigai porno aksi, golek amane nekat nikah siri.

Donyane anteng, manungsane akeh sing podo nggreneng.
Akeh bocah gadis urung nikah wis podo meteng.
Donyane dengkur, manungsane kenakan ngombe anggur.
Padahal statuse isih podo nganggur.
Donyane merem, manungsane ora leren anggone dugem.
Rakyate mlarat penguasane malah merem.

Donyane panas, manungsane soyo ganas.
Akhlaqe’ uwis koyo kewan ning alas, sopo wae sing ngalangi mesti kudu dilibas.
Ora wedi yen ning akherat mengko dibalas.
Saiki wektune donyane ngolet, ee…. la kok manungsane podo kegencet.
Kon golek duit sing halal malah podo ngepet.
Donyane obah, akeh manungsane podo bubrah. Donyane kewalik, la kok akeh manungso mati mendelik.

Iki uwis titi wancine goro-goro….
Salah sawijineng tondo menowo iki wis neng akhire jaman.
Bakal akeh leloro, musibah lan lelayu ning sakjerone negoro.
Manungso sak dermo wayang.
Manut marang obahing sang dalang.
Datan ngerti kapan mesti mlebu kotak.
Peteng ndedet tan ono rewang.
Mulo soko iku, ayo podo tobat.
Tobat kang sakbener benere tobat

2 komentar:

Anonim mengatakan...

Tak KOmen im...ben rame blog-ke....mampir yo...http://nugrosklaten.wordpress.com

Masqien mengatakan...

yoyo ....bener bener seng ditiru yo onok ulangane moko hasile...yongono iku.....ojo lali astagfiruAllah hil adhim.....