MAMPIR NGOMBE
Urip iki mung sakdermo mampir ngombe.
Ngombe saclegukkan kanggo saklawase.
Yen uwis ngombe bakal mati.
Yen uwis mati, tangeh lamun biso ngombe maneh.
Tutuk nutup rapet, mripat merem dipet.
Mung sukma jati kang ngrasake,
ilining banyu kang wis diombe.
Slangkrahe bakal cementhel ing kayu watu,
Dene banyune kang bening bakal mili banter tumuju ing samodra.
Samodraning katentreman langgeng.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar